Pages

Gunung Merapi Mbledug


Bencana

Dinten senin jam 8 enjing, kula kaliyan rencang-rencang tindak wonten Magelang. Kula kaliyan rencang-rencang dumugi Magelang jam 3, banjur istirahat wonten ing alun-alun Magelang. Sesampunipun kula kaliyan rencang-rencang nerusaken lelampahan wonten bencana Merapi ing kabupaten Sleman. Wonten mriku kula kaliyan rencang-rencang musyawarahaken punapa ingkang badhe disumbangaken dumateng korban bencana Merapi. Kito sedaya sarujuk nyumbangaken slimut kaliyan sarimi. Banjur kula kaliyan rencang-rencang mundhut slimut lan sarimi. Sesampunipun, kula kaliyan rencang-rencang banjur dumugi wonten ing tlatah pengungsian. Wonten sak punika kula kepanggeh dhateng tiyang sepuh. Tiyang sepuh punika padaranipun gerah amargi dereng dhahar sedinten, punika wau disebabaken pengiriman bantuan ingkang telat. Pengiriman bantuan lewat udara kaliyan darat telat amargi abu vulkanik lan awu panas sumebar wonten radhosan.
Tiyang sepuh punika sanjang menawi piyambake rencang-rencang kedah pindah wonten tlatah ingkang luwih aman. Dalemipun tiyang sepuh punika wonten ing 5 km saking gunung Merapi, tiyang sepuh punika pindah amargi mrika wonten “Wedhus Gembel” ingkang dipun medhalaken saking gunung Merapi. Banjur kula kaliyan rencang-rencang tangklet kaliyan tiyang sepuh punika punapa ingkang dipun arani “Wedhus Gembel”. Banjur tiyang sepuh punika mangsuli menawi punika awan panas ingkang medal saking gunung Merapi nalika mbledug, banjur wonten weluk kayata wedhus gembel.
Banjur kula kaliyan rencang-rencang tindak wonten pengungsian. Wonten mriku kula kaliyan rencang-rencang sumerep lare ingkang muwun ingkang umuripun 3 tahun ngrasaaken sakit lan sesak nafas. Lare punika sanjangipun perawat keparengan abu vulkanik, selang wekdal maleh lare punika sampun  seda.
Pramila jam 2 kula kaliyan rencang-rencang banjur istirahat wonten ing mushola lan dhahar sak wontenipun. Sesampunipun dhahar, kula kaliyan rencang-rencang tangklet dhumateng bapak ingkang neliti gunung Merapi, bapak punika ngendika menawi tanggal     1-11-2010 ngantos mledug kaping 10. Suhu ingkang dipunmedalaken gunung ngantos      600o C, menawi wonten warga  ingkang tasih ing mriku pramila salira bakal kobong lan luwih parah menika nyebabaken seda.
Banjur kula kaliyan rencang-rencang tindak maleh wonten sak pinggiripun warga. Wonten mriku kepanggeh kaliyan tiyang sepuh ingkang nembe nangis lan tiyang sepuh punika ngemis amargi keluarganipun seda sedanten, amargi kenging bencana Tsunami wonten Mentawai.
Kula kaliyan rencang-rencang badhe musyawarahaken wonten alun-alun Sleman. Ing musyawarah punika dipun putusaken mbok menawi kula kaliyan rencang-rencang badhe mbiyantu korban bencana gunung Merapi inggih menika ngangge cara nyuwun bantuan woten sekolah-sekolah lan peken-peken supados sami katah ingkang sami nyumbang. Banjur sumbanganipun punika dipun wenehke marang penyalur utawi donator.
Pramila jam 12 dalu kula kaliyan rencang-rencang shalat tahajud banjur jam 4 enjing wangsul.

0 komentar:

Posting Komentar